Senin, 17 Oktober 2011

GAIB

“Aku naté takon karo sapadha-padhaning urip, mbuh kuwi bangsané manungsa, nganti tekan bangsaning jim pripayangan. Apa ta sejatining urip kuwi, kepiyé cak-cakané lan paran sebabé cakraning kala gumlinding kaya wis dadi padatané, tur ora bisa kanyana kapan ning duwur, kapan anèng ngisor”. Bok menawa, pangudarasaning Giman kang kaya mangkono, bakal ora tinemu nalar ginayuh ing rasa tumraping jalma lumrah kang sebangsa karo dhèwèké, ya kuwi bangsaning manungsa kang tinakdir minangka titahing Gusthi kang paling sampurna tinimbang tumitah liyané.
Awit manungsa pinaringan cipta, rasa lan karsa. Kang pinaringan cipta, awit manungsa dikeparengaké daya cipta kang tinemu ing rasa lan kinarya ing karsa. Mula jan-jané ora jeneng mokal yèn Giman duwé pangudarasa kaya mangkono, awit tumraping Giman ora ana kang mokal. Tumrap Giman mung siji kang Gaib, ya kuwi Allah kang Maha Gaib. Tegesé, Gaib kuwi barang kang kasat netra tur angèl ginayuh déning panggulawenthahing manah. Kayata bangsaning jim, mbok menawa tumraping kang Paijo, kalebu barang kang gaib, amarga dhèwèké durung nyumurupi kaya ngapa lan kepiyé wewujudan sejatiné. Dadi kaya jim kuwi, tumrap Giman ora kalebu barang kang gaib, wong Giman bisa nyumurupi lan grasakaké anané, malah bisa dadi kanca wawan rembug jaré. Lan sebab mula bukané, kok Giman bisa kaya mangkono kuwi ya mbuh, bok menawa pancèn wis dadi garising takdir dèning Gusthi, yèn Giman dadi salah sawijining titah kang dikeparengaké nyumurupi kahanan titahing Gusthi kang liya lan béda alam kuwi.

Soré kuwi, kaya padatan yèn wanciné bosen nèng ngomah, Giman mesthi golèk kanca wawan rembug lan gegojègan. Nanging kenangapa, kok nggoné golèk kanca mesthi nglurug panggonan sing kondang angker tur singup ing désané. Ora liya ya dapuran pring pinggir kali wétan désa.

“Ki Sungut, kowé nèng ndi ki !!?”. Pambengoké Giman ing ngisor dapurané pring pinggir désa wanci surup srengéngé.

“Ki…ki…, aku Giman ki..”. Giman bengak-bengok karo ngubengi pinggiring kali kang mili satengahing dapuran pring. Ngalor ngidul isih bengak-bengok. Kang diceluk ora metu, mung semiliring samirana antarané gegodhongan gawé kemresek.

“Whè lha nak Giman, njanur gunung teka anèng papan dununganku, ana wigati apa cah bagus”. Makbedunduk, ana pawongan sepuh nganthi teken samar-samar metu saka sela-selaning dapuran pring. Jebul kang saka mau dicelak-celuké Giman, mung pawongan sepuh rikmané dawa kinucir siji, duwé brèngos kang dawa nglawér klangsrah lemah. Ya pancén kaya Sungut gegambaraning naga wong cina kaé, mung èloké kabèh sarwa putih, tur praupané ya ora medèni, malah katon wicaksana. Mula pawongan mau pinaraban ki Sungut karo Giman, awit saka dawaning jènggot kuwi mau, persis kaya Sunguting ula naga.

“Ora ki, suwé taksabani panggonmu dunung kok tansah sepi-sepi, sampéyan menyang ngendi baé ?”. Giman ganti takon, tangané loro nglumpukké godhong garing kanggo sarap lungguhan. Kang ditakoni ya semono uga, melu nglesot, nglèsèh sakcedhaké Giman.

“Anu nak Giman, ponakanku ngalas roban kana kaé lagi duwé gawé mantu, kamangka aku dipasrahi dadi wakiling mantèn wedhok. Ntas iki mau, aku lagi ngiring mantèné, mbuh kepiyé kaya-kaya ana samirana kang nyèrèt-nyèrèt sandanganku, jebul aku arep ketekan dayoh kowé ta nak Giman. Banjur ana wigati apa, kok sajak ngemu bingung praupanmu, sajak ana sungkawa ing atimu cah bagus ?”.

“ Anu ki Sungut, ana kang pingin taksuwunaké pirsa karo sampéyan. Sampéyan kuwi rak kalebu bangsané jim ta, kamangka, ing alamku kana akèh manungsa kang ngarani sampéyan kuwi barang kang gaib tur kebak wewadiné uga nyalawadi, njur kenangapa, kok aku bisa nyumurupi anané sampéyan”. Mangkono Giman mulai awèh pitakonan, marang pawongan sepuh kang lenggah sila, astha sedhakep nyikep tongkat ngarep dhadha kuwi. Kang tianakonan mung mèsem karo monthak-manthuk. Banjur awèh wangsulan.

“O…o…jebul kuwi ta, kang dadi pikiranmu cah bagus, aku lan kowé iki, sejatiné pada-pada dadi titahing Gusti, mung baé béda alam. Yèn kowé cinipta ing alam wadag, tegesé kowé nduwèni badan kasar, déné aku iki ana ing alam pangangen-angen, mula sinebut badan alus. Kuwi bedané aku karo kowé, dadi ora jeneng mokal wewujudanku kang alus ora kasat ing netrané jalma manungsa akèh. Awit wis dadi garising takdir, déné kok kowé bisa nyumurupi anané aku ora liya, mung merga saka kersaning Allah, lan ora sembarangan wong pinaringan nikmating gusti kaya kang kokduwèni kuwi”. Krungu tembungé ki Sungut, Giman mung ndoplong karo mantuk, ki Sungut banjur mbacutké nggoné ngendika.

“Mula yèn kowé wis ngerti, ora ana samubarang kang gaib, kejaba mung Allah Kang Maha Gaib, ya kuwi kang nitahaké kowé kalawan aku kalebu jinising sétan lan malaikat”. Ki Sungut ora mbacutaké aturé, dhèwèké meneng sedéla karo jenggirat tangi nggoné lenggah.

“Nah cah bagus, yèn kowé pingin luwih ngerti bab gaibing gaib, njalukana pirsa karo Kang Maha Gaib, ya saka piyambaké kuwi aku diparingi ngerti prakara kang koktakokaké marang aku. Lan wektu iki uga aku njaluk pamit, awit lungaku iki mau dadi pitakonané kang lagi nduwé gawé, oh ya siji manèh welingku, takonana karo sapada-pada titahing Gusti kang sumebar ing marcapada iki”. Bubar sakecapan, binareng tekaning samirana, ki Sungut maklap ilang saka pandulu, mung keprungu kemrosaking papringan pinggir kali. Sak ilangé ki Sungut, Giman isih lungguh sila ora obah saka panggonané sakawit, batiné isih ngira-ngira apa kang sinamun sajroning pangucapé ki Sungut kuwi mau.

“Aku kudu nggolèki ngerti saka sapada-padaning titah, saka kabèh kang sumebar, ateges klebu sato kéwan lan tetuwuhan , apa iya kabèh kuwi mau bakal mbadar pitakonan kang tansah ngglayut angen-angenku.” Atiné krasa rada marem, bareng keprungu adan isya saka langgar kulon kali, Giman gagé menyat ninggalké panggonan papringan kang saya katon singup tur peteng.

Ganti dina, Giman lunga camping bareng kanca-kancané, ana bocah lima kang loro wèdhok.

“Man, mengko olehé ngaso neng pos telu bae ya”. Bengoké Sabar kang wis rada apal marang kahanan ing gunung kono. Sakwisé ngliwati kebonan tèh kang ijo, rombongan kuwi pada lèrèn ngeculké rasa kesel. Giman nggolèk panggonan kang rada akéh suketé kanggo nyèlèhké bokong karo ngrogoh sak nyumet udud, déné Budi, Sabar, Ajeng lan Ayu nggolèk panggonan ngaso dhéwé-dhéwé.

“Bar, isih pirang jam manèh ketug puncak”. Pitakonané Giman karo nyedot udud superé.

“Kurang luwih rong jaman manéh, lèhé ngaso sak ududan baé ya cah.” Sabar awéh wangsulan karo mbenahi taliné sepatu.

Kahanan ing pos loro katon saya peteng, pedhut putih dadi kemul nambahi adem kang krasa njarem ning balung sungsum, wayahé wis ngancik madyaning ratri. Rencana sakawit arep langsung mbacutké laku, nanging gandèng rinasa saya adem, akhiré Sabar awèh préntah supaya gawé geni kanggo ngopi apa nggodhok mie.

“Wah-wah, nèng papan kaya ngéné kok ya akèh bangsaning ki Sungut ya, mung bédané katon isih nom-nom”. Pangudarasané Giman kang sakawit mau meruhi kahanan liya sak kiwa tengené, mung baé dhèwèké meneng. Kuatir mengko kanca-kancané pada mlayu sipat kuping yèn dikandhani sakiwa tengené akèh wewujudan anèh.

“Coba yèn cah-cah kaé bisa ngerti kaya kang takweruhi, mesthi baé padha kapok munggah gunung, anané jim tumraping kancaku pancèn gaib.” Batiné Giman karo lambéné komat-kamit muji Asmaning Gusti ora lèrèn-lerèn, muga-muga danyangé kono ora nggiri goda.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar